Senin, 28 November 2011

cerita misteri


Dian Mati Tengah Wengi
Dening Yamhari
       Mbuh saiiki wis jam piro, aku ora ngerti, amargo bengi kuwi peteng ndedet lampu listrik mati wiwit ana udan deres ndadak nganggo angin pisan. Bledege  nyamber – nyamber kilate pating cleret ndadekake getering ati. Anak lan bojoku wis padha mapan turu kira – kira rong jam kepungkur. Katon angkler olehe padha turu, ngorok senggar senggor.
Nanging bengi kuwi aku durung bisa ngeremake mripatku, isih mentheleng wae. Aku isih kelingan apa sing dingendikakake kancaku sing saiki wis dadi wong gedhe 1). Sajak penak pangandikane, tiba kena ora ana sing ora kepenak. Bebasan yen wong numpak sepeda, tiba ya ana ing kasur. Jan empuk kabeh pangandikane.
Aku dadi  kepelut kepengin kaya deweke. Nyambut gawe entheng oleh duwit ombo 2) , waduh enak kepenak tenan. Sapa sing ora kepingin.
Nanging kabeh kudu dijumbuhake karo kahanan lan pendidikan. Ojo waton melu, nanging kudu ngeri empan papan, ojo mung grubyak grubyuk kayak anggota parlemen, yen njupuk duwit negara bebarengan, yen ngendika jarene hake anggota, arane stuydy banding jebul yomung padha yap yapan, padha klencer. Apa ono study banding kok sing diparani pas lagi libur, njur kepriye... . mbuh cah padha digagas dhewe – dhewe, yen wis padha paham ora usah padha niru mundhak negarane dhewe dadi tambah ora genah. Sing wis padha kebanjur ya dielingake, sing durung padha nglakoni ojo pisan – pisan melu. Nyedak kok kebo gupak, yo bakal gabul lemah kabeh, elinga sesantine para winasis jaman semono, “ sak beja bejane wong sing lali, isih bejo wong kang eling lan waspadha “ mulatha para sedulur saiki awake dhewe padha ngati – ngati.
Bali maneh marang kancaku mau, pancen dheweke kuwi pengkuk, bocah wasis, pinter, lan pancen peng – pengan. Ladalah lagi enak – enake ngalamun mak pet, dian sing tak sumet dumadakan mati, ora ono angin gedhe, ora ono sing nyebul kok mati. Mak pengkorok githokku dadi atis, malah jantungku dadi dheg – dhegan kenceng banget, isih keprungu suwara ngoroke bojoku sing senggar senggor nanging mak lap... kaya ana bayangan lan wewangen kang nyolowadi. Tambah geter atiku, aku mung bisa ngenteni apa kang bakal kedaden. Bareng tak gatekake kok kaya ana mripaat loro kang nggatekake aku. Saya susut atiku, saya ora karu – karuan, blaik ana memedi sing mlebu ono ngomahku. Aku maca rapal sak iso – isaku, kabeh jopo montro tinggalane embah kakung tak waca, nanging mripat mentheleng mau ora gelem ilang, cilaka rapalku ora mempan, padahal iki rapal pamungkas, rapal kang paling ampuh. Banjur aku mundur kanthi nglesot, dadakan tanganku nyekel bantal cilik sisih kiwo, wis ora ono akal maneh sing bisa kanggo ngusir mripat mentheleng mau, banjur bantal tak babitake, pas ngenani mripat loro sing mentheleng. Cenger suwara kucing kelaran mlayu sipat kuping ndadak nubruk bala pecah pisan. Pating grompyang suawarane. Lega atiku, dadaku ora sesek maneh... nanging aku kelingan, pira barang bala pecah sing rusak... saking legane atiku aku kebacut turu ana panggonan mau tekan esuk.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar