Sabtu, 22 Januari 2011

cerita

Alaming Lelembut
Grumbul Lor Desa
Dening Yamhari
Bengi kuwi aku ketiban sampur jaga banyu ono ing irigasi lor desa. Kaya adat sabene yen mangsa ketiga lan jatah njomok nandur pari, kudu ubet lan temenanan yen parine kepingin bisa diunduh kanthi kasil kang apik. Ing desaku yen wancu ngeneiki digilir sapa sing tunggu banyu ngoncori sawah. Oramung sawahe dewe, nanging uga sawahe tangga – tanggane. Kabeh dadi kewajibane sing jaga bengi kuwi. Janjane aku bengi kuwi jaga karo kang Noto, nanging kang Noto sajake ora bisa melu jaga amargo anake sing cilik lara panas wis rong ndino. Mula bengi kuwi aku kudu bisa ngoncori sawah ambane kira – kira ana sepuluhan hektar.
Jam sanga bengi aku wis nyiapake uborampen sing  arep tak gawa, ana sentolop utawa senter, penthungan, arit, lan sangu kopi kenthel uga klethikan sing digawe bojoku sore mau, yaiku kripik tela mbedol mburi omah. Yo mung go cagak lek ben ora nglangut. Oralali radio transistor tak kalungake ono guluku. Pamit bojoku sing lagi ngeloni anake yomung disauri sak kepenake dewe. Bismillah aku metu saka omah pas jam sepuluh bengi, amargo pak dukuh nabuh bende kaping sepuluh keprungu kanthi cetha. Ora nolah noleh aku kenceng mlaku tumuju bendungan debog lor desa. Amargo yen ora dibendung banyu ora bisa munggah ana sawah.
Senajan lagi jam sepuluh, rasane desa wis mampring,  wis ora ana pawongan sing ketok ana lurung, apa maneh pawongan ing desaku bubar nonton layar tancep ono ing panggonane pak lurah sewengi kepungkur, sing lagi kagungan kersa mantu putra putrine sing nomer telu. Sajake padha karipan, maklum wong ndesa ora ono hiburan neka – neka. Hiburane ya mung yen ono sing nanggap wayang, kethoprak, layar tancep, utawa dangdutan.
Aku mlaku alon – alon kairingan semiliring angin bengi, mbuh ana rasa sing rada kekes. Beda kaya adat sabene. Apa amargo ing wetan wis katon mbulane nddadari, apamung rumangsaku wae. Aku mbacutake laku tumuju bendungan irigasi lor ndesa, nanging mbuh ana apa, githokku mengkorok bareng nglewati grumbul sisih kiwa.
Ora tak gagas, pikirku mung manther sawiji bisa ngoncori sawah lan panen parine apik.
Tekan bendungan, kabeh kahanan tak titi siji mboko siji, ora ono sing geseh, kabeh isih apik, bendungane ora ono sing bocor, mula aku banjur leren ana gubug sing kasediakake kanggo sing jaga banyu. Buntelan saka ngomah tak bukak, kopi kenthel dak sruput, rasane lega, telo klethikan kanggo obah – obah cangkem, yo biasane yen karo kang Noto bisa ana sing dijak guneman, amargo dewekan, aku nyetel radio, ngrungokake lagu paporitku, lagun campur sari.
Saya wengi, sansaya adhem. Adheme ora kaya biyasane, rada kekes, rada ana suwasono magis, mbuh ora kaya biasane. Aku menyat saka gubugan, nggolek kayu kanggo genen, ngiras nglilingi sawah, wis koncoran apa durung.
Pas tekan grumbul sisih kiwa, aku ndeleng akeh kayu. Tak jupuk ora susah adoh – adoh batinku. Bareng njupuk kayu sing keri dewe , aku krungu kaya ana pitik babon ngengkremi anake, amargo keprungu kriyik kriyik kaya anak pitik. Tak matke saka ngendi asale suwara mau. Bener ana sisih tengen saka olehku njupuk kayu, ana kaya babon ngengkremi anake. Cetho, yen lagi angkrem kuwi mesti babon. Ora sronto aku banjur mlumpat nubruk kewan mau nganggo sarung sing tak gawa. Mak brug  babon karo anake wis ning njero sarungku. Pating kriyek. Tak taleni pucuke, banjur tak panggul, tak gawa menyang gugug. Atiku bungah, wah bejo kemayangan oleh babon sak anake, bisa kanggo ngganti babon sing tak dol dina Legi wingi.
Nanging sakwise tak gawa kira – kira pitung jangkah, dumadakan aku keprungu wong kang sambat ngaruworo njaluk diluwari. Embuh suwara mau saka ngendi asale. “Aduh – aduh pak aku luwarono saka gembolanmu “ mengkono sambate suwara mau bola bali. Nanging aku durung ngerteni saka ngendi suwara mau. Kaanehan liyane, gembolan sarung isi babon sak anake sansoyo suwe sansoyo abot, lan suwara sambat ngaruwara mau sansoyo cetho. Tak matake, jebul keprungu saka njeron sarung. Githokku sansoyo bregidig, sikilku abot kanggo menyat, atiku ora karuwan, cangkemku ora bisa omong apa –apa, senajan rumangsaku bengok – bengok njaluk pitulungan nanging ora bisa kewetu. Sarung dak brukke mak brug, sarung ambyar taline. Saka njeron sarung metu ngglundung kaya cumplung. Awakku dadi panas adem kaya demam saknalika. Oramung kaya cumplung, nanging balung tangan, balung sikil pating pecungul, uga ana balung iga, walah.... nganti kepuyuh teles kebes. Ditambah maneh cumplung mau ndadak bisa gumuyu, pringas pringis nggegirisi. Mak les, aku ora kelingan apa – apa. Bareng tangi bareng keprungu suwara adzan Subuh saka Mejid desaku. Mak nyat aku kelingan ono kedadeyan kang nggegirisi, sarung tak saut, tak kebutake banjur aku mlayu bali ngomah. Lawang durung bukakan, bojoku durung tangi apa maneh anak – anakku. Krungu aku bali ngos – ngosan, bojoku mak jenggirat tangi saka dipan banjur miterang marang aku. Cetho tak critani, bojo karo anakku malah padha ngguyu cekakaan sajak ora percaya. Aku isih gemeteran, malah kathokku sansoyo cetho ambune pesing, aku banjur metu menyang sumur adus, bojoku tak kon nggaweake kopi ben atiku lerem.  



1 komentar:

  1. Nguri2 boso jowo dng mempertahankan keberadaanny di khasanah cerita ...mana cerita yg lainnya pak???

    BalasHapus