Sabtu, 22 Januari 2011

cerita

Crita Misteri
Gowok Trembesi Kiwa Omah
Dening Yamhari
Saben wayah awan, bocah – bocah wis bubar olehe pada sinau ana ing sekolahan, ngisor trembesi kiwa omahku rame banget, katon asri amargo bocah – bocah padha dolanan. Ana sing sundamanda, ana sing padha dolanan gambar, ana sing mung padha dolanan ngilangake sayahe amarga bubar sekolah.
Katon senenng banget, lan mat olehe padha dolanan. Lali mau yen ana sekolah bubar didukani pak guru utawa bu gurune amargo ora nggarap PR, utawa didukani amargo padha gojeg ana jeron kelas. Kabeh lali babar pisan, sing ana padha seneng, wetenge wis wareg, dilalah diwenehi duwit sangu karo bapa/ ibune.
Pancen, bocah – bocah yen wis padha dolanan lali sakabehane.
Sore iku bocah – bocah rada nganti wengi lagi padha bubaran, dumadakan krungu suwara keblak,... “ bleg... beleg ... bleg “ saka nduwure wit trembesi kang edum tur radha peteng pisan. Maklum desaku durung ana listrik kaya ana ing kutho, dadi ngisor trembesi yen wayah maghrib wis kathon peteng banget. Bocah – bocah padha bubar mlayu sipat kuping karo pating jlerit wedhi ana suwara kang durung nate keprungu sak lawase padha dolanan ing ngisor trembesi.
Menggeh – menggeh bocah – bocah mau mlayu nubruk lawang banjur thenger – thenger lan cayane acum amarga keweden. Wong tuwane padha kaget, lan takon marang anake, nanging ora bisa wangsulan amarga ndredeg, wedi, kaya kekunci laambene.
Wong  tuwane dadi bingung, apa gek – gek anake kena sawan amargo dolanan ing ngisor trembesi nganthi  wengi.  Ngerti kedadeyan mengkono, wong tuwane golek banyu bening ana omahe mbah Suta, sak wise diombeni banyu bening, bocah – bocah mau lagi iso nyritakake yen bubar krungu suwara  saka nduwur wit trembesi. Wong tuwane lega amarga anake mung keweden keprungu suwara kang medeni saka wit trembesi.
Watara seminggunan, bocah – bocah ora ana sing wani dolanan ana ngisor wit trembesi, saya medeni panggonan mau, amarga ora ana suwara bocah pating glembor, ora ana bocah kang pating bleber. Apa maneh wanci udan riwis – riwis, sepi mampring ora ana wong sing wani liwat ana ngisore.
Dumadakan pas malem Jemuah Kliwon, watara jam pitu mbengi, Tono lan adhine Suryo, dikongkon bapake mundutake obat lara weteng, amarga simboke wis sedina ngolang – ngaling ora mari – mari. Wis disembur karo mbah Suta, ngombe banyu beninge mbah Siswa, durung bisaa mari. Kepeksa bapake Tono duwe duwit sithik kanggo tuku obat lara weteng ana warunge kang Mardi. Ndilalah omahe kang Mardi nglewati wit trembesi kiwo omahe pak Darso.
Peteng ndedet, bocah loro kakang adhi mau mangu – mangu arep lewat ngisor trembesi. Yen ora gelem ora tega simboke ngolang – ngaling lara weteng, yen dibacutake kelingan suwara ing wit trembesi. Bocah loro padha regejegan sapa sing mlaku ana ngarep. Adhine dikon neng ngarep ora wani, dikon neng mburu yo ora wani. Diwanek – wanekake bocah loro mau mlaku karo thingak – thinguk. Udan grimis, ndadak ora nggowo obor pisan. Mung ketok lampu teplok ana jeron omah kang arang – arang. Mak prinding, githoke bocah mau nambahi kekesing ati. Nanging rada ayem atine, amarga wis rada cedhak saka nguwit ora ana suwara sing kaya wengi seminggu kepungkur. Tono lan adhine nerusaki laku kanthi ati deg – degan. Pas tekan ngisor wit trembesi ndilalah adhine ndeleng ana mripat loro mencereng saka tengahe wit trembesi sisih nduwur. Sak nalika banjur ngrangkul kakange karo njerit keweden. Tono bingung, bareng dimatake deweke uga weruh yen ana cahyo cemlorot ana tengahe wit sisih nduwur. Bocah loro mlayu sipat kuping bali mulih karo jerit – jerit keweden. Wong ndesa padha metu ngomah nggoleki suwara pating jlerit. Bareng bocah loro mau wis tentrem lan iso nata atine banjur crita marang wong ndesa kang nulungi mau.
Bocah loro banjur diterake tuko obat lan diterake mulih. Wong tuwane bocah sakloron ngatureke panuwun amarga anake diterake lan simboke bisa waras sawise ngombe obat mau.








Crita Misteri
Krama Leya*)
Dening Yamhari
Kaya wis dadi padatan wong ing desaku, yen arep duwe gawe, utawa keperluwan liyane padha golek dino becik. Arep ngrabekake anak, nyunatake, wiwit nandur pari, ngepeki pari, lan isih akeh liyane, mesti padha miterang marang mbah Krama. Pancen mbah Krama iku piyantune wasis, apa sing ditakoake wong desaku,diwangsuli kanthi trep lan nyenengake, ndadekake wong – wong ing desaku sengkut, sengkuyung olehe padha nyambut gawe.
Sapa sing ora padha percaya marang mbah Krama, yen malem Jemuah, mbah Krama lan adhine mbah Leya nyiwer desa ngobong dupa mubeng karo komat kamit maca mantra. Gemremeng suwarane saka kadohan kaya tawon mubal golek panggonan.
Wong desaku mung delengake saka kadohan, atine mongkog, amargo priyayi kang dituwakake ana desane gelem paring donga marang wong desa kang ora  ngerti donga.
Mbah Krama pancen seneng tetulung, saumpama ana wong sing kesrakat, mbah Krama ora tegelan, banjur wong mau diteri beras utawa jagung kanggo mangan saben dina, menawa ana pawongan kang lagi lara, cekat – ceket mbah Krama menehi jampi – jampi ben enggal waras tanpa diundang. Apa maneh yen dijaluki tetimbangan masalah jodho, utawa arep nggarap sawah, mbah Krama banjur mipil jagung, kanggo petung, apike yen jejodhohan kuwi kudu dina pasaran iki jodhone karo dina lan pasaran iki. Yen arep wiwit tandur, kudu dina pasaran iki, wiwitane kidul etan lan sak panunggalane.
Klenik kaya ngono kuwi ing desaku lestari. Amarga gugon tuhon kang diwarisake saka leluhur isih kalestariake kanthi dijaga temennan, aja nganti ilang saka kabudhayan manca. Senajan kaya ngono wong ing desaku uga duwe agama kang dadi panutane. Rukun padha nindakake kewajiban agamane tanpa ana kang tukar padu.
Mbah Krama kang dadi sesepuhe  desaku uga ora meksa wong ing parang pradesan nggugu apa sing dikandhakake. Nanging amarga mbah Krama tanpa meksa,mula pawongan ing desaku padha hormat marang mbah Krama lan kulawargane.
Wengi iku udan grimis ricik – ricik, yen wanci ngene iki, wong – wong padha turu sore, amarga wis kesel awake nyambut gawe sedina muput, uga hawane adhem ndadeake mripat kudu pengin turu.
Kaya adat sabene, mbah Krama lan adhine mbah Leya, mubeng nyiwer desa, nyumet dupa komat – kamit maca mantra. Suwara gemremeng lan ambune dupa ndadekake suwasana mistis sakindenge desa. Wong kang padha turu mambu lan kaya ngipi yen mbaah Krama wis njaga desane, mula ora ana sing tangi siji – sijia. Ing atine mantep yen desane bakal aman ora ana durjana, amarga wis ana sing gelem njagakake desane ya mbah Krama Leya.
Wong – wong ing desaku ngerti, yen wanci panen, padha menehi glondhong pangareng – areng marang mbah Krama kanthi ikhlas amarga dianggep yen mbah Krama wis kersa ngrumat desa, lan dadi panutane.
Wengi iku nganeh – nganehi, dumadakan mbah Krama karo ngusung krendhane wong mati. Mboh apa isine, sapa sing mati, ora ana sing ngerti. Kaya biyasane mbah kromo ngannggo bebet, klambi surjan, lan ing sirahe blangkonan. Mbopong dupa disumet,  kemebul antuke tekan endi –endi. Gemremeng maca mantra karo komat – kamit, ing sak mburine wong papat nggotong krendha sajake abot banget, mbuh apa sing digawa, utawa sapa sing mati. Sak mburine katon mbah Leya karo maca mantra sirah monthak manthuk mbuh apa karepe.
Wong sing ngerteni mung wani ngintik saka njeron omah, ora ono sing wani metu, rasane miris, mistis, lan wedi yen mbah Kromo duka. Kadadeyan ganjil mau mung padha disimpen ing atine dewe – dewe tanpa ana kang wani ngandakake marang liyan.
Kadadeyan mau makaping – kaping. Dititeni yen wanci udan riwis – riwis, wong – wong karang pradesan turu wiwit sore enteh. Mesti mbah Krama sak wadyo balane nganakake tirakat nyiwer desa kanthi ngusung krendha. Anehe, sakwise ana rituwal kaya ngono kuwi, mesti ana pawongan kang kelangan raja kayane sing isih ana tegal utawa sawahe, kayata tela, pari sing wis arep dipanen, utawa pametu liyane.
Kabeh ora ana sing wani takon marang mbah Krama, wedi yen kuwalat. Mung padha diendhem ana ing ati, mbuh ilange mau di krama dening mbah Kramaa lan wadya balane, utawa ilange amargo kajupuk deneng wong liya kang tumindak culika. Wawohualam.

*) crita iki tahun 75-an kanggo wacan ana ing buku basa jawa SD kelas 3 - 4
    Dicritakake maneh kanthi basa lan kahanan saiki.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar